SURAKARTA, Ahad Legi, 2 Agustus 2026 — Tata cara Grebeg Sekaten Kraton Surakarta Hadiningrat kapurwakan kanthi wilujengan. Acara kalampahan ing Pagelaran Sasana Sumewa, kanthi kersa miyos Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV.
Pengageng Sasana Wilapa, GKR Dra. Koes Moertiyah, M.Pd., paring sabda pangandika ing ngarsaning para sentana lan abdi dalem. Para sentana lan abdi dalem sami lenggah sinewaka kanthi tata, nglambangaken pakurmatan marang tradhisi kraton kang wis tumurun saka generasi menyang generasi.
Swasana katon sigrak, gumyak, penak lan enak, nanging tetep kebak tata krama. Ageman bethik Mataram kang dikenakake para abdi dalem katon edi peni, nambah kaendahan lan wibawa upacara.
Sakwise pangandika, abdi dalem ulama enggal atur puji pangastuti. Tahlil, takbir, tahmid lan tasbeh kumandhang ngisi Pagelaran Sasana Sumewa. Swasana saya luruh lan tuwajuh. Para pendherek kanthi khidmat ngaturaken amin, ngiringi donga kanggo kawilujengan lan kaslametan.
Pangkah hajad dalem lumampah kanthi meneng, anteng lan tertib. Ora mung minangka rangkaian upacara adat, wilujengan uga dadi pangajab supaya kabeh lumampah kanthi sugeng jeneng, wilujeng tanpa pambeng.
Saka Pagelaran Sasana Sumewa, swasana Grebeg Sekaten banjur sumebar menyang Alun-Alun Lor. Rebut dhucung dadi salah siji kang nekseni purwakaning tata cara. Ing sakiwa-tengen alun-alun, bakul-bakul jejer-jejer. Maneka warna panganan lan unjukan sumadya ing sadhengah papan.
Warga saka maneka papan padha tumplek blek. Saka dhusun ngadhusun, desa ngadesa, nganti gunung ngagunung, kehing tiyang tanpa wilangan. Kabeh padha teka kanggo mahargya Muludan, nguri-uri tradhisi, sekaligus ngalap berkah.
Langit biru katon padhang sumilak. Angin midhit sumilir nggawa hawa seger. Ing tengah gegap-gempita warga, Grebeg Sekaten tetep dadi salah siji pratandha uripé tradhisi Kraton Surakarta Hadiningrat.
Ing antarane donga, adat lan kerumunan warga, ana pangajab kang padha: muga-muga berkah tumurun marang kawula, lan Kraton Surakarta tansah pinaringan rahayu, tentrem, lan kaluhuran.
Ahad Legi, 2 Agustus 2026.
Purwadi











































